JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

MBARA SAJRONE CERBUNG MULIH NDESA ANGGITANE SURYADI WS (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)




Article Info

Publish Date
12 May 2017

Abstract

Abstrak Cerita sambung Mulih Ndesa anggitane Suryadi WS nyritakake lelakone Sekarwangi lan paraga-paraga liya kang nyambut gawe ana ing Jakarta. Paraga-paraga sajrone cerbung asale saka Klaten, kang banjur mbara kanggo golek pangupajiwa. Panliten tumrap Cerbung Mulih Ndesa narik kawigaten amarga ngandharake ngenani proses mbara kang dialami dening paraga-paragane. Mbara mujudake salah sawijine gejala sosial kang bisa ditemoni sajrone cerbung, lan uga dumadi ing masarakat. Cerbung Mulih Ndesa bakal ditintingi kanthi nggunakake teori sosiologi sastra. Tintingan sosiologi sastra sajrone panliten iki nggunakake konsep kang diandarake dening Ian Watt, yaiku ing perangan sastra minangka kaca benggalane masarakat. Adhedhasar andharan kasebut, underan panliten iki yaiku, 1) Kepriye paraga lan pamargan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 2) Apa motif paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara menyang kutha; 3) Kepriye kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 4) Kepriye gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial sajrone bebrayan. Tujuwan panliten iki yaiku: 1) Njlentrehake kepriye paraga lan pamaragan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 2) Njlentrehake motif paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara menyang kutha; 3) Njlentrehake kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 4) Njlentrehake gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial sajrone bebrayan. Paedahe panliten tumrap pamaos supaya bisa nambahi kawruh ngenani analisis sastra. Tumrap pamulangan Sastra, kaajab bisa migunani kanggo panliten sabanjure. Panliten iki kalebu panliten kualitatif. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif. Sumber dhata kang digunakake yaiku dhata primer lan sekunder. Dhata primer arupa cerbung Mulih Ndesa¸ dene dhata sekunder arupa wawancara lan kumpulan artikel utawa berita kang nyengkuyung dhata primer. Tata cara panglumpuke dhata nggunakake metode kapustakan lan metode wawancara. Tata cara panyuguhe asil panliten nggunakake analisis informal, tegese analisis dhata kang nggunakake tembung-tembung salumrahe. Asile panliten iki diperang dadi papat, yaiku 1) Paraga lan pamaragan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa. Paraga sajrone cerbung yaiku Sekarwangi, Damarjati, Marsanti, Marta, Bu Rusti, lan Pak Pratama; 2) Motif paraga mbara menyang kutha. Motife yaiku Faktor ekonomi, faktor nandhesake ilmu, lan faktor melu sisihane; 3) Kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara. Nalika mbara paraga-paraga kasebut ana kang dadi babu, wanita simpenan duda sugih, tukang ojek, pegawe negri, lan tukang bakso. Kahanan sawise mbara yaiku ana kang dadi juragan rumah makan, dadi juragan perikanan grameh, serabutan, lan wong tani; 4) Gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial ing bebrayan. Bab iki bisa dideleng saka 1) Faktor kang njalari paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara, lan kanyatan ing bebrayan; 2) Kahanan nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa lan kanyatan ing bebrayan. Saka rong perangan kasebut pranyata mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa lan kanyatan sajrone bebrayan nduweni bab sing meh padha.

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...