cover
Contact Name
Respati Retno Utami
Contact Email
respatiutami@unesa.ac.id
Phone
+6285736709270
Journal Mail Official
jurnalbaradha@unesa.ac.id
Editorial Address
Jl Lidah Wetan, Lidah wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kota Surabaya, Jawa Timur 60213
Location
Kota surabaya,
Jawa timur
INDONESIA
JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
ISSN : -     EISSN : 22525777     DOI : https://doi.org/10.26740/job.v17n1
JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published twice a year, namely in June and November. JOB (Jurnal Online Baradha) has an International Standard Serial Number (ISSN) in both print and electronic versions, e-ISSN 2252-5777 (electronic version). Focus and Scope JOB (Jurnal Online Baradha) is a scholarly journal that presents literature, culture and local wisdom, linguistics, and Javanese philology or manuscripts and javanese language teaching, including: Javanese language education Javanese tradition Javanese folklore Javanese art Javanese literary criticism Javanese morphology Javanese semantics Javanese philology
Arjuna Subject : Umum - Umum
Articles 293 Documents
MBARA SAJRONE CERBUNG MULIH NDESA ANGGITANE SURYADI WS (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Cerita sambung Mulih Ndesa anggitane Suryadi WS nyritakake lelakone Sekarwangi lan paraga-paraga liya kang nyambut gawe ana ing Jakarta. Paraga-paraga sajrone cerbung asale saka Klaten, kang banjur mbara kanggo golek pangupajiwa. Panliten tumrap Cerbung Mulih Ndesa narik kawigaten amarga ngandharake ngenani proses mbara kang dialami dening paraga-paragane. Mbara mujudake salah sawijine gejala sosial kang bisa ditemoni sajrone cerbung, lan uga dumadi ing masarakat. Cerbung Mulih Ndesa bakal ditintingi kanthi nggunakake teori sosiologi sastra. Tintingan sosiologi sastra sajrone panliten iki nggunakake konsep kang diandarake dening Ian Watt, yaiku ing perangan sastra minangka kaca benggalane masarakat. Adhedhasar andharan kasebut, underan panliten iki yaiku, 1) Kepriye paraga lan pamargan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 2) Apa motif paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara menyang kutha; 3) Kepriye kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 4) Kepriye gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial sajrone bebrayan. Tujuwan panliten iki yaiku: 1) Njlentrehake kepriye paraga lan pamaragan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 2) Njlentrehake motif paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara menyang kutha; 3) Njlentrehake kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa; 4) Njlentrehake gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial sajrone bebrayan. Paedahe panliten tumrap pamaos supaya bisa nambahi kawruh ngenani analisis sastra. Tumrap pamulangan Sastra, kaajab bisa migunani kanggo panliten sabanjure. Panliten iki kalebu panliten kualitatif. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif. Sumber dhata kang digunakake yaiku dhata primer lan sekunder. Dhata primer arupa cerbung Mulih Ndesa¸ dene dhata sekunder arupa wawancara lan kumpulan artikel utawa berita kang nyengkuyung dhata primer. Tata cara panglumpuke dhata nggunakake metode kapustakan lan metode wawancara. Tata cara panyuguhe asil panliten nggunakake analisis informal, tegese analisis dhata kang nggunakake tembung-tembung salumrahe. Asile panliten iki diperang dadi papat, yaiku 1) Paraga lan pamaragan kang mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa. Paraga sajrone cerbung yaiku Sekarwangi, Damarjati, Marsanti, Marta, Bu Rusti, lan Pak Pratama; 2) Motif paraga mbara menyang kutha. Motife yaiku Faktor ekonomi, faktor nandhesake ilmu, lan faktor melu sisihane; 3) Kahanan paraga nalika mbara lan sawise mbara. Nalika mbara paraga-paraga kasebut ana kang dadi babu, wanita simpenan duda sugih, tukang ojek, pegawe negri, lan tukang bakso. Kahanan sawise mbara yaiku ana kang dadi juragan rumah makan, dadi juragan perikanan grameh, serabutan, lan wong tani; 4) Gegayutane mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa karo realitas sosial ing bebrayan. Bab iki bisa dideleng saka 1) Faktor kang njalari paraga sajrone cerbung Mulih Ndesa mbara, lan kanyatan ing bebrayan; 2) Kahanan nalika mbara lan sawise mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa lan kanyatan ing bebrayan. Saka rong perangan kasebut pranyata mbara sajrone cerbung Mulih Ndesa lan kanyatan sajrone bebrayan nduweni bab sing meh padha.
AKTUALISASI DHIRI PARAGA UTAMA SAJRONE CERBUNG NGOYAK LINTANG ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN PSIKOHUMANISTIK CARL ROGERS)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Cerbung Ngoyak Lintang anggitane Al Aris Purnomo yaiku karya sastra sing nyritakake paraga utama Widyaningsih. Wanita saka panti asuhan sing biyen uripe nandang kasusahan lan nduweni tekad ngupayakake panguripane kanggo nggayuh kasuksesan. Kapribaden lan tumindake kanggo nggayuh kasuksesan kasebut mujudake aktualisasi dhiri. Aktualisasi dhiri kasebut digambarake kanthi sipat lan tumindak sajrone merjuwangake uripe. Mula saka iku, cerbung Ngoyak Lintang bakal ditintingi kanthi nggunakake teori psikohumanistik Carl Rogers, mligine perangan aktualisasi dhiri. Saka lelandhesan panliten kasebut, underan panliten iki yaiku (1) Kepriye wujud aktualisasi dhiri paraga utama sajrone cerbung Ngoyak Lintang? (2) Apa motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang?, lan (3) Kepriye carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang?. Adhedhasar underan panliten kasebut, ancas saka panliten iki, yaiku : (1) Ngandharake wujud aktualisasi dhiri paraga utama sajrone cerbung Ngoyak Lintang, (2) Ngandharake motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang. (3) Ngandharake carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang. Panliten iki nggunakakke metodhe dheskriptif kualitatif, amarga dhata sajrone panliten iki wujude tembung-tembung lan ukara-ukara sing mau ditliti kanthi faktual. Saliyane iku, panliten iki uga nggunakake pamarekan objektif. Dhata sing digunakake sajrone panliten iki yaiku karya sastra awujud cerbung sing kapacak ing sawijining kalawarti Jawa Panjebar Semangat. Tata cara kang digunakake kanggo ngumpulake dhata sajrone panliten iki yaiku nggunakake metodhe dhokumentasi. Asile panliten kapisan ngenani wujud aktualisasi dhirine paraga utama, yaiku (1) pemeliaraan dhiri/ maintenance, (2) paningkatan dhiri/ enhancement, (3) pamawas becike wong liya/ positive regard of other, lan (4) pamawas becik dhiri pribadi/ self regard. Panliten kapindho ngenani motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri saka faktor internal lan faktor eksternal. Sarta underan sing kaping telu ngandharake yaiku carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang.
PROPAGANDHA PKI SAJRONING CERBUNG TING ANGGITANE DYAH KUSHAR: TINTINGAN NEW HISTORICISM
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Propagandha nduweni teges nyebar panemu bab poliitik, lan sapanunggale supaya kang ngrungokake gelem melu. Propagandha uga bisa diwedhar sajroning karya sastra. Cerbung Ting iki nyritakake propagandha-propagandha kang ditindakake dening PKI. Kanggo ngonceki propagandha sajroning cerbung Ting, panliten iki nduweni telu underan, yaiku: 1) Kepriye wujud propagandhane PKI minangka praktik sosial kang dikukuhke sajrone cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. 2) Kepriye tumanggape bebrayan kang dadi dhasare propagandha PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. 3) Kepriye idheologi kang disengkuyung lan ditentang sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. Paedah tumrap panliten iki yaiku bisa mangerteni wujud propagandha kang ditindakake dening PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar, bisa menehi pamawas kang luwih jembar, lan nambah kawruh ngenani reriptan sastra Jawa modern. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif komparatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbungTinganggitane Dyah Kushar kang kababar ing kalawarti Panjebar Semangat taun 2009-2010. Dhatane panliten iki awujud frase, tembung lan ukara kang ana gayutane karo undherane panliten. Panaliten iki nggunakake teknik analisis dhata antarane yaiku teknik klasifikasi,deskripsi, lan analisis Dudutan asiling panliten propagandha PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar kanthi tintingan New Historicism, ana telung perangan kang dadi dudutan. Sepisan, propagandha minangka praktik sosial kang dilakoni dening PKI. Propagandha PKI ana patang jinis kayata 1) propagandha vertikal kayata nari lan nembang Genjer-genjer, andhum ting, lan pawai ngubengi kutha, 2) propagandha horizontal kayata nekakake pelatih tari tanpa rembugan karo pengarepe kumpulan wayang lan ngganti pengarep kumpulan wayang wong, 3) propagandha intregasi kayata ndakwa lawan politik kang ngobong ting, lan 4) propagandha agitasi kayata weneh janji-janji marang rakyat cilik. Kapindho, tumanggape bebrayan kang ndhasari propagandha PKI kaperang dadi loro, yaiku 1) faktor pendhidhikan lan kacingkrangan, lan 2) propaganda PKI kanggo merjuwangake nasibe rakyat cilik. Katelu, idheologi kang disengkuyung lan ditentang sajroning cerbung Ting kaperang dadi loro, yaiku idheologi komunisme lan idheologi islamisme. Tembung Wigati: propagandha, PKI, New Historicism
LEGENDHA CANDHI PARI LAN CANDHI SUMUR ING DESA CANDIPARI KECAMATAN PORONG KABUPATEN SIDOARJO
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur sawijining wujud folklor lisan kang nduweni sesambungan karo wewangunan Candhi Pari lan Candhi Sumur ing Desa Candipari, Kecamatan Porong Kabupaten Sidoarjo. Legendha kasebut ora dumadakan ana, nanging ana mula bukane saengga ana sejarah sajroning legendha kasebut. Candhi Pari lan Candhi Sumur kawangun nalika mangsa kerajaan Majapahit yaiku taun 1293 Saka (1371 M) kang dipimpin dening Raja Hayam Wuruk. Candhi kasebut kawangun kanggo mengeti ilange Jaka Pandelegan lan Nyai Walang Angin. Underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur, (2) Kepriye struktur Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur, (3) Apa pigunane Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur kanggo masyarakat Desa Candipari, lan (4) Apa nilai budaya kang kinandhut sajroning Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur. Dene tujuwan panliten yaiku: (1) Njlentrehake kepriye Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur, (2) Ngandharake struktur Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur, (3) Ngandharake pigunane crita Legendha Chandi Pari lan Candhi Sumur kanggo masyarakat Desa Candipari, lan (4) Ngandharake apa bae nilai budaya kang kinandhut sajroning Legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur. Paedah kang bisa dijupuk saka panliten iki yaiku:(1) Nambah kawruh panliti ngenani legendha sawijine panggonan sing ana gayutane karo candhi, (2) Nambah akehe kumpulaning crita legendha sing ana gayutane karo candhi-candhi, (3) Menehi kawruh marang bebrayan yen ing Kecamatan Porong, Sidoarjo nduweni objek wisata sejarah yaiku Candhi Pari, lan (4) Sumbangan refrensi kabudayan Jawa tumrap piwulangan basa Jawa ing sekolah. Kanggo ngonceki perkara kang dadi punjering panliten, nggunakake konsep legendha saka pamawase Brunvand (1991), kanggo medharake bab struktur nggunakake pamawase saka Nurgiyantoro (2007), medharake bab piguna folklor sajroning masyarakat nggunakake panemune Bascom (2001), dene kanggo medharake nilai budaya sajrone crita legendha nggunakake konsep nilai budaya saka pamawase Djamaris (1993). Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Pangumpulane data panliten ditindakake kanthi cara observasi, wawancara, nyathet, ngrekam, dhokumentasi lan transkripsi. Analisis data ditindakake kanthi cara ngrekonstruksi asile wawancara ngenani crita legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur, uga dijangkepi data kang bisa nyengkuyung asiling panliten banjur menehi interpretasi ing saben wujud data kasebut. Asile panliten iki yaiku legendha candhi pari lan candhi sumur kalebu sakcrita. Saliyane iku gegambaran bebrayan Desa Candipari nduweni gegayutan karo crita legendha kasebut ing babagan pendhudhuk, pakaryan, lan agamane. Sajroning legendha Candhi Pari lan Candhi Sumur nduweni struktur crita kang kaperang dadi telu, yaiku alur, pamaragan, lan latar. Legendha minangka wujud folklor lesan uga nduweni piguna sajroning masyarakat sekitar. Candhi Pari lan Candhi Sumur uga nduweni piguna kanggo masyarakat Desa Candipari, yaiku kanggo piranti pangesahan kabudayan, kanggo piranti pendhidhikan, kanggo piranti pameksan lan pangawas supaya norma-norma ing masyarakat digugu karo anggota kolektif, lan kanggo hiburan masyarakat.Nilai budaya kang kinandhut yaiku nilai budaya gegayutan antarane manungsa marang Gustine kanthi mujudake rasa syukur, nilai budaya kang ana gegayutane manungsa marang alam donya yaiku kanthi waspada marang apa bae kang bakal dumadi, nilai budaya kang ana gegayutane manungsa minangka makhluk sosial yaiku kanthi padha tetulung, lan nduweni rasa wales budi. Tembung wigati: legendha, struktur, piguna, lan nilai budaya
Kritik Sosial Sajrone Antologi Geguritan Ogal Agel Buntut Kebo Anggitane St Sri Emyani
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Abstrak memuat uraian singkat mengenai masalah dan tujuan penelitian, metode yang digunakan, dan hasil penelitian. Tekanan penulisan abstrak terutama pada hasil penelitian. Abstrak ditulis dalam bahasa Indonesia dan Bahasa Inggris. Pengetikan abstrak dilakukan dengan spasi tunggal dengan margin yang lebih sempit dari margin kanan dan kiri teks utama. Kata kunci perlu dicantumkan untuk menggambarkan ranah masalah yang diteliti dan istilah-istilah pokok yang mendasari pelaksanaan penelitian. Kata-kata kunci dapat berupa kata tunggal atau gabungan kata. Jumlah kata-kata kunci 3-5 kata. Kata-kata kunci ini diperlukan untuk komputerisasi. Pencarian judul penelitian dan abstraknya dipermudah dengan kata-kata kunci tersebut. Antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani ngandhut kritik sosial kang onjo. Kritik iku katuturake kanthi pangudarasane penggurit ngenani kahanan ing sakiwa tengene, banjur diandharake kanthi basa kang endah lan nyengsemake. Gayut karo andharan ing dhuwur, underan saka panliten iki yaiku: (1) Kepriye kritik sosial kang ana sajrone antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St. Emyani? (2) Kepriye sambung rapete kritik sosial mau karo kasunyatan kang dumadi ing masyarakat?. Saka underan panliten mau panliten iki nduweni tujuwan yaiku: (1) Ngandharake kritik sosial sajrone antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St. Emyani. (2) Ngandharake sambung rapete kritik sosial sajrone guritan klawan kasunyatan kang dumadi ing masyarakat. Dene paedah panliten iki yaiku nduweni ancas kanggo nyengkuyung pangrembakane ilmu sastra, kanggo dalan mangerteni lan nintingi karya sastra mligine sosiologi sastra, lan bisa dadi bahan kanggo piwulangan sastra ing sekolah. Kritik sosial kang ana ing antologi guritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani iki bakal ditintingi kanthi nggunakake teori sosiologi sastra kang diandharake Wellek lan Warren kang kapindho, yaiku studi sosiologi karya sastra. Saliyane kuwi panliten iki uga nggunakake metode deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku pat belas guritan kang ana ing antologi Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani. Dene kang dadi dhata panliten yaiku arupa tembung, ukara sarta gatra lan pada kang ngandhut kritik sosial ing antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani. Cara ngumpulake dhata yaiku nemokake unit analisis, nemtokake sampel lan nyathet dhata. Sajrone ngolah dhata yaiku nintingi wujud kritik social kang kacundhukake klawan tintingan sosiologi sastra kang dipunjerake marang sosiologi isi karya sastra kang ana sesambungane klawan kedadeyan ing masyarakat. Kritik sosial kang ana ing antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo iki ngandharake (1) Kritik Ngenani Owahe Kabudayan kang isine kritik sosial ilange kabudayan kang kegeser jaman lan kritik sosial kabudayan tradhisional owah dadi kabudayan modern. (2) Kritik Ngenani Kahanane Masyarakat. (3) Kritik Marang Panguwasa kang isine panguwasa ora mikirake wong cilik lan panguwasa golek kayane dhewe tanpa mikirne liyan. Tembung wigati: kritik sosial, antologi geguritan, sastra.
NILAI BUDAYA SAJRONE DOLANAN TRADHISIONAL JAWA ING DESA GESIKAN KECAMATAN PAKEL TULUNGAGUNG
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Dolanan tradhisional utawa dolanan rakyat minangka salah siji unsur perangan saka kabudayan kang tuwuh ngrembaka ing masyarakat. Dolanan tradhisional mujudake warisan saka para leluhur kang nganti saiki isih ditindakake. Dolanan tradhisional nduweni piguna kanggo ngibur dhiri, saliyane kuwi uga ngandhut nilai-nilai kang bisa didadekake patuladhan ing bebrayan. Prekara kang dadi underan panliten iki, yaiku (1) kepriye gambaran desa Gesikan, kecamatan Pakel, Tulungagung?; (2) kepriye wujud lan tatacara dolanan tradhisional Jawa ing desa Gesikan, kecamatan Pakel, Tulungagung?; (3) nilai budaya apa wae kang ana sajrone dolanan tradhisional Jawa ing desa Gesikan, kecamatan Pakel, Tulungagung?; (4) kepriye upaya masyarakat lan Dinas Tulungagung kanggo nglestarekake dolanan tradhisional Jawa? Panliten iki nduweni tujuwan yaiku (1) ngandharake gambaran desa Gesikan; (2) ngandharake wujud lan tatacara dolanan tradhisional Jawa; (3) mangerteni nilai budaya kang kinandhut sajrone dolanan tradhisional Jawa; (4) mangerteni upaya masyarakat lan dinas Tulungagung kanggo nglestarekake dolanan tradhisional Jawa. Paedah saka panliten iki yaiku, kanggo: (1) panliten iki dikarepake bisa menehi kawruh miligine ngenani nilai budaya kang ana sajrone dolanan tradhisional; (2) panliten iki dikarepake nduweni pengarep-arep bisa menehi sumbangan referensi kanggo masyarakat umum ngenani piwulang sajrone dolanan tradhisional. Panliten ngenani dolanan tradhisional iki yaiku mujudake panliten dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten iki arupa tembung-tembung lan ukara-ukara kang ngandharake ngenani dolanan tradhisional kang dijupuk saka asil observasi, wawancara, rekaman,nyathet lan buku ngenani dolanan Jawa. Teori kang digunakake kanggo nganalisis dhata yaiku teori budaya saka Koentjraningrat, konsep nilai budaya saka Lantini lan konsep dolanan saka Dharmamulya. Asil saka panliten iki yaiku nuduhake anane dolanan tradhisional Jawa kang isih lestari lan kang wis ora ditindakake ing Desa Gesikan, Pakel, Tulungagung. Dolanan tradhisional Jawa mau nuduhake anane nilai budaya kang antarane yaiku nilai didaktik lan nilai etik. Nilai didaktik minangka nilai nilai ngenani piwulang kang ana sajrone masyarakat utawa ajaran ngenani agama, budi pekerti, lan ajaran kanggo nyempurnakake awake. Dolanan kang nduweni nilai didaktik ing antarane yaiku dolanan dhakon kang nduweni nilai kompetisi, bisa dimanfaatake kanggo nglatih kemampuan motorik, nglatih kasabaran lan kataliten, ngraketake kekancan. Nilai etik yaiku nilai ngenani sesambungan sebab akibate saka sipat-sipat kang apik lan alane manungsa, kayata katresnan, taat, ikhlas lan jujur. Dolanan kang nduweni nilai etik ing antarane yaiku dhakon, wil-wilan, nekeran, gatheng kang nilaine yaiku bisa nglatih anane kaikhlasan lan kajujuran.
KASATRIYAN SAJRONE CRITA RAKYAT PUTRI PINILIH ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Satriya mujudake wong sing luhur bebudene lan saguh ndhandhagi utawa mbelani nusa lan bangsane. Crita rakyat Putri Pinilih (CRPP) anggitane Al Aris Purnomo ngandharake babagan kasatriyane pendhekar kang numpes kadurjanan, mbelani bangsane, lan sapanunggalane. Adhedhasar kahanan kasebut, CRPP iki bakal katliti kanthi tintingan sosiologi sastra. Prekara kang dadi underane panliten iki, yaiku (1) kepriye unsur pamangun CRPP?; (2) kepriye wujud kasatriyan sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat?; (3) kepriye kahanan sosial masyarakat sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat?. Panliten iki nduweni ancas yaiku: (1) ngandharake unsur pamangun CRPP; (2) ngandharake wujud kasatriyan sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat; (3) ngandharake kahanan sosial masyarakat sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat. Paedah saka panliten iki ditujokake (1) Tumrap pamaca diajab bisa weneh kawruh sarta piwalang kang bisa dadi patuladhan; (2) Tumrap panliti sastra panliten iki kaajab bisa dadi referensi enggal; (3) Tumrap donyane pendhidhikan diajab bisa menehi sumbang sih pamikiran tumrap piwulangan sastra mligine sosiologi sastra. Tintingan sajrone panliten iki yaiku sosiologi sastra. Teori kang digunakake yaiku Teorine Ian Watt kang ngemu telung perangan pokok yaiku: (1) konteks sosial pangripta; (2) sastra minangka kaca benggala masyarakat; (3) fungsi sosial sastra. Panliten iki dipunjerake ing nomer 2, sastra minangka kaca benggalane masyarakat. Metodhe kang digunakake yaiku kualitatif dheskripstif sajrone ranah sosiologi sastra. Sumber dhata utama yaiku kumpulan CRPP 25 seri. Dhata awujud tembung, frasa apadene ukara pethikan saka CRPP. Instrumen panliten sajrone panliten kualitatif CRPP yaiku panliti dhewe. Teknik pangumpulan dhata kang digunakake jumbuh karo panemune Endraswara lan teknik analisis dhata nggunakake hermeneutik. Asil panliten iki yaiku saka tema, tema sosial kang onjo yaiku kasatriyan. Paraga utamane yaiku Nonggarani kanthi pamaragan pendhekar pilih tandhing, lantip, lembah manah, kendel, lan preduli. Paraga wimbuhan cacahe ana enem yaiku Sandhalu lan Winongga kang tanggung jawab lan wasis olah kanuragan. Janhapitaka kanthi wateg seneng aweh pitulungan marang liyan, Resi Janha Badhra kanthi pamaragane kang kebak kawibawan seneng aweh wejangan, Kartikeyasingha nduweni watak seneng biyantu. Bhramangkari nduwe wewatekan kang sumadulur, gampang kena hasut, lan ambisius dadi raja. Lan Wirangrang kang nduwe watak dhendham, pamrih, lan licik. Wujud kasatriyan sajrone CRPP yaiku (1) nasionalisme; (2) numpes kadurjanan; (3) olah kanuragan; (4) pendhekar pilih tandhing; (5) lelabuhan sinatriya; (6) amanah; (7) perdulen; (8) legawa nampa kaluputan lan kesalahan; (9) ngudi kanuragan. Kahanan sosial kang dijlimeti yaiku (1) pakaryan; (2) kadurjanan; (3) politik; (4) ora tentrem; (5) tulung tinulung. Tembung wigati : kasatriyan, crita rakyat, sosiologi sastra
PERJUWANGANE WANITA PLANYAHAN SAJRONE CERBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANE SAWITRI: Tintingan Dhekonstruksi PRATIKA AGUSTINA WULANDARI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (401.317 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Perjuwangan nduweni teges usaha kanggo nggayuh kekarepan. Kekarepan nduweni teges apa kang dadi pangimpen babagan kang apik. Pawongan kang nglakoni kasuksesan uga nglakoni perjuwangan, nanging sajrone perjuwangan uga ngalami alangan-alangan kang ngalangi perjuwangan. Perjuwangan kang dilakoni saben manungsa iki bisa uga kawedhar ing salah sawijine karya sastra. Cerbung Lintang-lintang dadi seksi iki nyritakake bab perjuwangan kang dilakoni paraga utama yaiku Sumilah. Perjuwangan kang dilakoni Sumilah iki dilakoni kanggo kulawargane, kanggo nasibe, lan kanggo tresnane. Adhedhasar perjuwangan kang dilakoni Sumilah kasebut, mula panliten iki bakal ditliti kanthi tintingan dhekonstruksi. Ancase saka panliten iki, yaiku; (1) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo kulawargane ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri ; (2) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo nasibe ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri ; (3) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo tresnane ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa migunani tumrap; (1) ilmu kasusatran Jawa modern; (2) tumrap piwulang sastra; (3) tumrap pamaos. Panliten iki bakal nggunakake teori dhekonstruksi Jacques Derrida yaiku teori kang ngangkat perkara-perkara kang dianggep kapinggirake ing karya sastra, akeh-akeh bakal ngangkat pawongan kang kapinggirake ana ing karya sastra. Sumber dhata kang digunakake arupa teks cerbung kanthi irah-irahan Lintang-lintang dadi seksi kang cacahe ana 15 edhisi. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara lan wacana cerbung LLDS. Tata cara analisis dhata nggunakake metodhe kualitatif dheskriptif kanthi cara maca cerbung, ngumpulake dhata, lan nganalisis dhata. Miturut tintingan kang wis diandharake ing panliten bisa didudut menawa sacara dhekonstruksi paraga Sumilah sing satleraman nduweni pakulinan kang ala, nanging sejatine paraga Sumilah nduweni peranan kang wigati nalika merjuwangake kulawargane, nasibe, lan tresnane. Sumilah rila dadi wanita planyahan amrih kulawragne bisa urip mulya lan adhine-adhine sekolah dhuwur. Asile saka dadi wanita planyahan kanggo ngirimi ibune ing kampung, kanggo ngragati uripe ing Yogja. Sumilah dadi wanita planyahan uga merjuwangake tresnane, dheweke mikir yen wis urip kepenak akeh dhuwit mesthi akeh sing gelem karo dheweke, amarga Sumilah uga kalebu kenya ayu. Sejatine Sumilah uga mangerteni penggaweyan sing dilakoni iki kebak resiko, nanging kahanan kang nyebabake dheweke kudu berjuwang. Tembung Wigati: katresnan, pendhidhikan, resiko
KADURJANAN SAJRONE CRITATEMANTEN ADUS GETIHANGGITANE SRIADI HARJONOTINTINGAN STRUKTURLAN ASPEK SOSIOLOGIS EKA MIYANTI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (284.723 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Panlit en iki ngrembug reriptan sastra awujud gancaran yaiku crita kanthi judhul Temanten Adus Getih Anggitane Sri Adi Harjono. Crita iki ngemot fenomena sosial kang kerep tuwuh sajrone masyarakat, fenomena kasebut yaiku kadurjanan. Pangripta anggone nganggit sa wijine reriptan sastra ngenani tema kadurjanan, kadhang kala ndeleng saka kedadeyan sajrone masyarakat. Underan lan ancas panliten iki , yaiku (1) Njlentrehake aspek struktur ; (2) Njlentrehake gegambaran kadurjanan; (3) Njlentrehake apa wae sing njalari dum adine kadurjanan; sarta (4) Njlentrehake faktualisasi kadurjanan sajrone crita Temanten Adus Getih anggitane Sri Adi Harjono karo realita sosial sajrone bebrayan. Panliten iki nduweni paedah, yaiku ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bi sa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan tumrap panliti sabanjure. Panliten iki nggunakake metode struktural . Sumber dhata panliten arupa crita Temanten Adus Getih lan berita. Dhata panliten arupa tembung, ukara, wacana, lan solah bawane paraga sajrone crita kasebut . Panglumpukane dhata nggunakake metodhe dokumentasi. K anggo ngandharake lan njlentrehake dhata panliten iki , digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan struktur lan sosiologi sastra. Tintingan aspek sosiolo gi s kang digunakake yaiku prinsip sosiologi sastra kanthi konsep kang dijlentrelhake dening Ian Watt mligine ngenani sastra minangka kaca benggalane bebrayan masyarakat kang digunakake kanggo nggayutake wujud kadurjanan sajrone crita kasebur karo realitas sosial bebrayan. Asile panliten diperang dadi papat adhedha sar underane panliten yaiku struktur crita kanthi nggunakake pamarekan struktural, perangan kasebut yaiku (1) pamaragan; lan (2) alur. Wujud kadurjanan kang diperang dadi papat, yaiku (1) merjaya; (2) degsiya; (3) intimidhasi ; lan (4) nyulik. Bab sing njalari dumadine kadurjanan, sepisan yaiku faktor internal kang diperang dadi (1) emosional; lan (2) dhendham. Kaping pindhone yaiku faktor Eksternal kang diperang dadi (1) ekono mi; lan (2) lingkungan. Faktualisasi kadurjanan sajrone crita kasebut karo realitas sosial bebrayan kang diperang dadi (1) pawadan tuwuhe kadurjanan; lan (2) wekasane laku kadurjanan kasebut.
PIWULANG MORAL SAJRONE CARIYOSIPUN PAMBALANG TAMAKANGGITANE SUYITNA MARTAATMAJA(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA) DWI RATNANINGSIH
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (525.89 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Cariyosipun Pambalang Tamak (CPT) yaiku sawijine kasusastran kang kalebu kasusastran Jawa klasik. Kasusastran CPT diripta dening Raden Suyitna Martaatmaja lan dicap Bale Pustaka dhek taun 1921. Kasusastran CPT dumadi saka 16 (nem belas) perangan irah-irahan lan katulis nggunakake aksara Jawa. Panliten kanthi objek kasusastran CPT narik kawigaten amarga akeh piwulang moral kang diwedhar saka paraga lan pamaragane. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, undere panliten iki yaiku 1) kepriye gegambaran masyarakat sajrone CPT?; 2) kepriye piwulang moral kang kinandhut sajrone CPT; 3) apa wae piwulang moral kang kena kanggo patuladhan sajrone CPT?. Tujuwan panliten iki yaiku 1) njlentrehake gegambaran masyarakat sajrone CPT; 2) njlentrehake piwulang moral kang kinandhut sajrone CPT; 3) njlentrehake piwulang moral kang kena kanggo patuladhan sajrone CPT. Panliten iki kalebu jinise panliten kualitatif kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra mligine sosiologi karya sastra kang diandharake dening Wellek lan Warren. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku kasusastran CPT anggitane Suyitna Martaatmadja, dene dhatane yaiku sekabehane tembung lan wacana sajrone CPT. Carane nglumpukake dhata nggunakake teknik pustaka lan transliterasi. Instrumen kartu dhata dadi sarana kanggo nglumpukake dhata. Asile panliten iki nuduhake gegambaran masyarakat sajrone CPT lan piwulang moral. Gegambaran masyarakat sajrone CPT diperang dadi loro yaiku 1) golongan masyarakat sajrone CPT lan 2) religiusitas masyarakat sajrone CPT. Golongan masyarakat sajrone CPT ing antarane 1) golongan wong priyayi lan 2) golongan wong cilik, dene religiusitas masyarakat sajrone CPT yaiku slametan. Piwulang morale ana 20, yaiku 1) wicaksana; 2) seneng nulung; 3) menehi pitutur kang becik; 4) taberi; 5) ngajeni liyan; 6) setya lan tanggungjawab; 7) netepi janji; 8) amanah; 9) julig; 10) nyebal kasusilan; 11) seneng ngapusi lan gampang diapusi;12) mblenjani janji;13) ngebreh utawa boros; 14) srei; 15) mutung; 16) umuk; 17) nyolongan; 18) ora ngreti subasita; 19) sujana; 20) dhendham. Piwulang moral kasebut bisa diperang dadi loro yaiku 1) moral kang kena kanggo patuladhan lan 2) moral kang ora kena kanggo patuladhan. Tembung wigati : piwulang moral, kasusastran Jawa klasik. Abstrak Cariyosipun Pambalang Tamak (CPT) merupakan karya sastra yang tergolong karya sastra pada periode Jawa klasik. Karya sastra CPT dikarang oleh Raden Suyitna Martaatmadja dan diterbitkan penerbit Balai Pustaka pada tahun 1921. Karya sastra CPT terdiri atas 16 (enam belas) sub-judul dan dicetak menggunakan aksara Jawa. Penelitian dengan karya sastra CPT menari untuk diteliti karena banyak ajaran moral yang digambarkan oleh tokoh-tokohnya. Berdasarkan penjelasan di atas, rumusan masalah dalam penelitian iki yaitu 1) bagaimana keadaan masyarakat di dalam CPT; 2) bagaimana ajaran moral yang terkandung dalam CPT?; 3) apa saja ajaran moral yang bisa dicontoh di dalam CPT?. Tujuan penelitian ini yaitu 1) menjelaskan keadaan masyarakat di dalam CPT; 2) menjelaskan ajaran moral yang terkandung dalam CPT; 3) menjelaskan ajaran moral yang bisa dicontoh di dalam CPT. Penelitian ini termasuk jenis penelitian kualitatif dengan menggunakan kajian sosiologi sastra khususnya sosiologi karya sastra yang dijelaskan oleh Wellek lan Warren. Metode yang digunakan yaitu metode kualitatif deskriptif. Sumber data dalam penelitian ini yaitu karya sastra CPT karangan Raden Suyitna Martaatmaja, sedangkang datanya yaitu kata dan wacana yang terdapat dalam CPT. Teknik pustaka dan transliterasi sebagai teknik untuk mengumpulkan data dan Instrument kartu dhata untuk membantu mengumpulkan data. Hasil penelitian ini menunjukkan keadaan masyarakat dan ajaran moral yang terkadung dalam CPT. Keadaan masyarakat dalam CPT bisa dibagi dua yaitu 1) golongan masyarakat dalam CPT dan 2) tradisi masyarakat dalam CPT. Golongan masyarakat dalam CPT antara lain 1) golongan priyayi dan 2) golongan wong cilik , sedangkan tradisi mayarakat dalam CPT yaitu selamatan. Ajaran moral tersebut ada 20 yaitu 1) bicaksana; 2) suka menolong; 3) memberi nasehat yang baik; 4) hemat; 5) menghargai orang lain; 6) setia dan tanggungjawab; 7) menepati janji; 8) amanah; 9) licik; (10) melanggar tindakan susila; 11) senang membohongi dan mudah dibohongi; 12) ingkar janji; 13) boros; 14) iri; 15) putus asa; 16) 1 sombong; 17) suka mencuri; 18) tidak mengerti sopan-santun; (19) berburuk sangka; 20) dendam. Ajaran moral tersebut bisa dibagi dua yaitu 1) moral yang patut dicontoh dan 2) moral yang tidak patut dicontoh. Kata Kunci: ajaran moral, kesusastraan Jawa klasik.

Page 1 of 30 | Total Record : 293