JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

KASATRIYAN SAJRONE CRITA RAKYAT PUTRI PINILIH ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)




Article Info

Publish Date
12 May 2017

Abstract

Abstrak Satriya mujudake wong sing luhur bebudene lan saguh ndhandhagi utawa mbelani nusa lan bangsane. Crita rakyat Putri Pinilih (CRPP) anggitane Al Aris Purnomo ngandharake babagan kasatriyane pendhekar kang numpes kadurjanan, mbelani bangsane, lan sapanunggalane. Adhedhasar kahanan kasebut, CRPP iki bakal katliti kanthi tintingan sosiologi sastra. Prekara kang dadi underane panliten iki, yaiku (1) kepriye unsur pamangun CRPP?; (2) kepriye wujud kasatriyan sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat?; (3) kepriye kahanan sosial masyarakat sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat?. Panliten iki nduweni ancas yaiku: (1) ngandharake unsur pamangun CRPP; (2) ngandharake wujud kasatriyan sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat; (3) ngandharake kahanan sosial masyarakat sajrone CRPP lan kasunyatan ing masyarakat. Paedah saka panliten iki ditujokake (1) Tumrap pamaca diajab bisa weneh kawruh sarta piwalang kang bisa dadi patuladhan; (2) Tumrap panliti sastra panliten iki kaajab bisa dadi referensi enggal; (3) Tumrap donyane pendhidhikan diajab bisa menehi sumbang sih pamikiran tumrap piwulangan sastra mligine sosiologi sastra. Tintingan sajrone panliten iki yaiku sosiologi sastra. Teori kang digunakake yaiku Teorine Ian Watt kang ngemu telung perangan pokok yaiku: (1) konteks sosial pangripta; (2) sastra minangka kaca benggala masyarakat; (3) fungsi sosial sastra. Panliten iki dipunjerake ing nomer 2, sastra minangka kaca benggalane masyarakat. Metodhe kang digunakake yaiku kualitatif dheskripstif sajrone ranah sosiologi sastra. Sumber dhata utama yaiku kumpulan CRPP 25 seri. Dhata awujud tembung, frasa apadene ukara pethikan saka CRPP. Instrumen panliten sajrone panliten kualitatif CRPP yaiku panliti dhewe. Teknik pangumpulan dhata kang digunakake jumbuh karo panemune Endraswara lan teknik analisis dhata nggunakake hermeneutik. Asil panliten iki yaiku saka tema, tema sosial kang onjo yaiku kasatriyan. Paraga utamane yaiku Nonggarani kanthi pamaragan pendhekar pilih tandhing, lantip, lembah manah, kendel, lan preduli. Paraga wimbuhan cacahe ana enem yaiku Sandhalu lan Winongga kang tanggung jawab lan wasis olah kanuragan. Janhapitaka kanthi wateg seneng aweh pitulungan marang liyan, Resi Janha Badhra kanthi pamaragane kang kebak kawibawan seneng aweh wejangan, Kartikeyasingha nduweni watak seneng biyantu. Bhramangkari nduwe wewatekan kang sumadulur, gampang kena hasut, lan ambisius dadi raja. Lan Wirangrang kang nduwe watak dhendham, pamrih, lan licik. Wujud kasatriyan sajrone CRPP yaiku (1) nasionalisme; (2) numpes kadurjanan; (3) olah kanuragan; (4) pendhekar pilih tandhing; (5) lelabuhan sinatriya; (6) amanah; (7) perdulen; (8) legawa nampa kaluputan lan kesalahan; (9) ngudi kanuragan. Kahanan sosial kang dijlimeti yaiku (1) pakaryan; (2) kadurjanan; (3) politik; (4) ora tentrem; (5) tulung tinulung. Tembung wigati : kasatriyan, crita rakyat, sosiologi sastra

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...