JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

FUAD MUJAHID (Unknown)



Article Info

Publish Date
25 Jul 2017

Abstract

Owah - owahane tegese tembung adhedhasar drajate mujudake salah sawijine pepanthane owah - owahane teges. Owah - owahane tegese tembung kang adhedhasar drajate iku dumadi saka owah - owahane tegese tembung saya luhur ( ameliyorasi ) lan owah - owahane tegese tembung saya asor ( peyorasi ). Adhedhasar bab kasebut, punjere panliten iki yaiku owah - owahane tegese tembung adhedhasar drajate. Saka punjer kasebut, undere panliten iki yaiku: (1) a pa wae jinise owah - owahane tegese tembung saya luhur ( ameliyorasi )? (2) apa wae jinise owah - owahane tegese tembung saya asor ( peyorasi )? Tujuwane panliten iki ana loro, yaiku tujuwan umum lan tujuwan mligi. Tujuwan umum panliten iki yaiku ngandharake lan n jlentrehake owah - owahane tegese tembung adhedhasar drajate. Dene tujuwan mligi panliten iki yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake jinise owah - owahane tegese tembung saya luhur ( ameliyorasi ), lan jinise owah - owahane tegese tembung saya asor ( peyorasi ). Panliten iki kalebu jinis panliten lingusitik dheskriptif kang asipat dhiakronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku owah - owahane teges kang dumadi ing tembung. Dhata kasebut diolehi saka nggoleki tembung - tembung sajrone wacan ing rubrik - rubrik majalah Jaya Baya wiwit taun 1975 nganti 2015. Sabanjure, dhata kasebut dijlentrehake kanthi teori fitur dhistingtif teges kanthi cara kerja jlentrehan perangane teges kanggo ngerteni drajat tegese tembung. Owah - owahane teges kang dumadi ing tembung sajrone wacan ing majalah Jaya Baya wiwit taun 1975 nganti 2015 kang kasil ditemokake ana 51 tembung. Saka 51 tembung kasebut banjur dipantha loro, kang mlebu owah - owahane tegese tembung saya luhur ( ameliyorasi ) 32 tembung, banjur kang mlebu owah - owahane tegese tembung say a asor ( peyorasi ) 19 tembung. Sawise kuwi, banjur dilebokake menyang bageyane owah - owahane tegese tembung saya luhur lan saya asor kang wis dibage dadi telu, yaiku awujud aran, awujud pakaryan, lan awujud kahanan. sawise kuwi banjur tembung - tembung kasebut dilebokake ing perangane dhewe - dhewe. Asile panliten iki yaiku owah - owahane tegese tembung adhedhasar drajate iku umume dumadi ing arane prabot, arane panandhange manungsa, pakaryan kang ditindakake dening wong lanang, pakaryan kang ditindakake dening won g wadon, pakaryan kang ditindakake kekarone, kahanan kang kasat mripat, lan kahanan kang ora kasat mripat. Tembung wigati : owah - owahane teges, owah - owahane tegese tembung adhedhasar drajate, owah - owahane tegese tembung saya luhur ( ameliyorasi ), lan owah - owahane tegese tembung saya asor ( peyorasi ).

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...