JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

PIRANTI KOHESI KANGGO NDHAPUK KOHERENSI SAJRONE WACANA DHESKRIPTIFTEKS PAWARTA MAWA BASA JAWA ING RADHIO REPUBLIK INDONESIA (RRI) MADIUN

KURNIA INTAN PRATIWI (Unknown)



Article Info

Publish Date
25 Jul 2017

Abstract

Punjere panliten iki yaiku apa wae jinise wacana dheskriptif teks pawarta mawa basa Jawa ing RRI Madiun adhedhasar pandhapuke koherensi dening kohesi. Adhedhasar punjere panliten kasebut, underane panliten yaiku kohesi leksikal lan kohesi gramatikal sajrone wacana dheskriptif teks pawarta mawa basa Jawa ing RRI Madiun ndhapuk koherensi a pa wae. Tujuwan panliten umume ngandharake lan njelntrehake jinise wacana dheskriptif teks pawarta mawa basa Jawa ing RRI Madiun adhedhasar pandhapuke koherensi dening kohesi, dene mligine ngandharake lan njlentrehake kohesi leksikal lan kohesi gramatikal sajrone wacana dheskriptif teks pawarta mawa basa Jawa ing RRI Madiun ndhapuk koherensi apa wae. Panliten iki kalebu panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronik. Dhata arupa ukara, paragraf, lan wacana kang ngandhut piranti kohesi gramatikal utaw a leksikal kang bisa ndhapuk koherensi. Sumber dhata panliten iki yaiku teks pawarta mawa basa Jawa kang ana ing RRI Madiun. Tata cara kanggo nglumpukake dhata nggunakake teknik semak lan cathet. Tata cara njlentrehake dhata nggunakake metodhe agih, metodh e dheskripsi, lan teknik baca markah. Sabanjure tata cara kanggo nyuguhake asil panliten nggunakake cara informal. Asil panliten iki yaiku kohesi gramatikal bisa ndhapuk sangang koherensi, dene kohesi leksikal bisa ndhapuk limang koherensi. Kohesi gramati kal referensi bisa ndhapuk koherensi panyulihan lan koherensi sajajar ( paralel ), kohesi gramatikal pangganti bisa ndhapuk koherensi nandhesake, kohesi gramatikal elipsis bisa ndhapuk koherensi urut - urutan, lan kohesi gramatikal panggandheng bisa ndhapuk ko herensi urut - urutan, tetambahan, tetandhingan, sajajar, dudutan, wektu, papan panggonan, lan nandhesake. Kohesi leksikal ambalan bisa ndhapuk koherensi ambalan, kohesi leksikal dasanama lan kolokasi bisa ndhapuk koherensi pepadhan, kohesi leksikal kosok ba len bisa ndhapuk koherensi lelawanan, kohesi leksikal meronimi bisa ndhapuk koherensi saperangan (sakabehe), lan kohesi leksikal hiponimi bisa ndhapuk koherensi klas golongan. Asil saka panliten kasebut bisa nuduhake yen jinis wacana dheskriptif pawarta ma wa basa jawa ing Radhio Republik Indonesia (RRI) Madiun adhedhasar pandhapuke koherensi dening kohesi ana 14. Tembung wigati: Wacana dheskriptif, kohesi, koherensi, teks pawarta mawa basa Jawa.

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...