cover
Contact Name
Respati Retno Utami
Contact Email
respatiutami@unesa.ac.id
Phone
+6285736709270
Journal Mail Official
jurnalbaradha@unesa.ac.id
Editorial Address
Jl Lidah Wetan, Lidah wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kota Surabaya, Jawa Timur 60213
Location
Kota surabaya,
Jawa timur
INDONESIA
JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal)
ISSN : -     EISSN : 22525777     DOI : https://doi.org/10.26740/job.v17n1
JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published twice a year, namely in June and November. JOB (Jurnal Online Baradha) has an International Standard Serial Number (ISSN) in both print and electronic versions, e-ISSN 2252-5777 (electronic version). Focus and Scope JOB (Jurnal Online Baradha) is a scholarly journal that presents literature, culture and local wisdom, linguistics, and Javanese philology or manuscripts and javanese language teaching, including: Javanese language education Javanese tradition Javanese folklore Javanese art Javanese literary criticism Javanese morphology Javanese semantics Javanese philology
Arjuna Subject : Umum - Umum
Articles 293 Documents
DIKSI SAJRONE CERKAK ING ANTOLOGI LINTANG ALIT ANGGITANE SUMONO SANDY ASMORO FATIMATUZ ZAHRO
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (743.97 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Crita cekak mujudake karya sastra kang awujud gancaran, kang asipat fiksi , kang critane d icritakake sarwa ringkes. Cerkak bisa narik ka w igatene pamaca krana cerkak ora mbutuhake wektu kang akeh anggone maca. Basa kang ana sajrone cerkak, ora mung nggunakake basa lumrah wae nanging uga nggunakake basa kang endah lan bisa aweh nilai estetik. Mit urut Teeuw (1984:1) ngandharake, menawa karya sastra iku kalebu saka salah sawijine wujud seni kang nggunakake basa minangka pirantine. Basa kang digunakake sajrone karya sastra ora mung nganggo basa lumrah utawa padinan nanging uga nganggo basa endah kang ngandhut pamilihe tembung (diksi) utawa lelewane basa. Basa kang endah mujudake basa kang ora lumrah digunakake ing saben dina. Basa kang endah mujudake basa kang ngemu kekarepane panganggit. Semono uga basa kang digawe sajrone antologi cerkak Lintang Ali t anggitane Sumono Sandy Asmoro, antologi kasebut minangka objek panliten iki kanthi nggunakake tintingan stilistika. Lelandhesan panliten kasebut dadi dhasar anane underan panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA anggita ne SSA?, (2) kepriye milih sumber diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?, (3) kepriye sipate diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?. Panliten ngenani pamilihe tembung sajrone cerkak ing antologi LA anggitane SS A mujudake sawijine panliten kang asipat sinkronis lan jinis dheskriptif. Dhata kang digunakake yaiku dhata kang arupa tembung, frasa, klausa, ukara kang ana sajrone cerkak antologi LA lan sumber dhata panliten iki yaiku cerkak ing antologi LA. Instrumen u tama kang digunakake yaiku panliti ing panliten iki dhewe. Instrumen kang dadi panyengkuyung panliten iki yaiku piranti kang arupa buku, pulpen, laptop, lsp. Carane nglumpukake dhata ing panliten iki, yaiku nggunakake teknik waca, cathet lan studi kapustak an. Carane njlentrehake dhata sajrone panliten iki, yaiku migunakake metode analisis kualitatif deskriptif. Dene, tata cara panulisane asile panliten kanthi informal. Asil panliten kang kapisan, ngenani wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA kang nga silake rong cara ing antarane (1) konvensional , lan (2) inkonvensional . Asil panliten kang kapindho, ngenani sumbere diksi cerkak ing antologi LA diperang dadi loro, yaiku (1) ragam ngoko (2) ragam krama. Wujud diksi kang asring digunakake dening panganggi t kanthi cara konvensional yaiku arupa tembung entar lan pepindhan. Dene kanthi cara inkonvensional asring nggunakake tembung basa Indonesia dipeksa dadi tembung basa Jawa. Sumbere diksi sajrone antologi LA asring nggunakake ragam ngoko. Asil panliten kang pungkasan utawa katelu, ngenani sipate diksi sajrone cerkak ing antologi LA diperang dadi telu, yaiku (1) sosial, (2) spiritual lan (3) estetik. Sipat diksi kang asring digunakake dening panganggit yaiku sipat sosial lan sipat estetik. Tembung wigati : d iksi, cerkak, stilistika
RADHISI SIRAMAN ING GROJOGAN SEDUDO KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR) YUNI ARDIYANTI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (295.815 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Tradhisi siraman iki minangka sawijine pakulinan ka ng ditindakake dening masyarakat Nganjuk ing wulan Sura. Tradhisi siraman iki wis tau ditliti saka aspek kabudayan. Ing kalodhangan iki tradhisi siraman bakal ditintingi saka aspek folklor, amarga tradhisi siraman iki uga minangka folklor saperangan lesan. Tradhisi siraman minangka folklor saperangan lesan arep ditintingi mligine ngenani makna lan fungsi folklor kanggo masyarakat. Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) Kepriye wujud folklor saperangan lesan sajrone Tradhisi si raman ing Grojogan Sedudo , 2) Kepriye makna folklor sajrone Tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo kanggo masyarakat panyengkuyunge , 3) Kepriye fungsi folklor sajrone Tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo kanggo masyarakat panyengkuyunge , lan 4) Kepriye eksis tensi tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo Dene tujuwan panliten iki yai ku ngandharake wujud, makna, fungsi folklor lan eksistensi tradhisi siraman kanggo masyarakat panyengkuyunge. Tradhisi siraman ditintingi kanthi metodhe d h eskriptif kualitatif kanthi p amarekan folklor. Babagan wujud tradhisi nggunakake teori folklor miturut Brunvard. Dene babagan makna lan simbol kang kinandhut ditintingi kanthi teori semiotik Pierce. Babagan fungsi folklor kanggo masyarakat nggunakake teorine Dundes. Objek kang ditinti ngi yaiku tradhisi siraman. Instrumen panliten iki awujud dhaptar pitakonan. Teknik nglumpukake dhata ing kene ana teknik observasi , teknik wawancara , lan teknik dokumentasi . Tatacara nganalisis dhata panliten kualitatif yaiku open coding , axial coding , la n display coding . Asile panliten sing sepisan yaiku bab wujud fisik bisa dideleng saka tatalakune lan ubarampe kang ana ing tradhisi siraman kasebut. Tatalakune kapisan yaiku slametan malem 1 Sura, esuke ana sawur puspita, amek tirta, menehake banyu suci m enyang genthong lan adus ing ngisore Grojogan Sedudo. Ubarampene ana wedhus kendhit, sega tumpeng sak lawuhe, kain kafan, kembang setaman, menyan lan jenang sengkala. Bab wujud lesane saka donga - donga kang ana nalika slametan kang dipimpin dening juru kunc i Grojogan Sedudo. Makna folklor saka sakabehane yaiku nyuwun marang Gusti supaya tansah diwenehi berkah lan didohne saka bebaya. Fungsi folklor saka sakabehane yaiku minangka wujud syukur marang Gusti lan nglestarekake adat kang wis turun - temurun. Eksiste nsi tradhisi siraman yaiku masyarakat lan pemerintah tansah njaga tradhisi iki wiwit jaman ndhisik nganti saiki senajan ana owah - owahan nanging ora ngilangi tradhisi kang asli.
PANGARIBAWANEMEDIA FLASHTUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADISISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016 ZUMROTUL SYAFRIANY
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (590.794 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Pangaribawane Media Flash Tumrap Katrampilan Nulis Layang Pribadi Siswa Klas VIII SMP Negeri 3 Sidoarjo Taun Piwulangan 2015/2016 1 PANGARIBAWANE MEDIA FLASH TUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADI SISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016 Zumrotul Syafriany Jurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Niesyafriany@gmail.com Dr. Murdiyanto, M. Hum Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Abstrak Basa minangka piranti kanggo sesrawungan. Kanthi basa ma nungsa bisa ngandharake apa kang dadi kekarepane. Salah siji katrampilan basa kang diwulangake ing SMP klas VIII yaiku katrampilan tulis, kanthi kompetensi inti “ngerteni, ngolah, ngandharake, lan njlentrehake sajrone ranah konkrit”, lan kanthi kompetensi dhasar “ngerteni struktur teks, unsur basa sajrone nulis layang pribadi.” Saben proses pamulangan kang mligine pamulangan basa Jawa, saben siswane nduweni prakara anggone nampa pamulangan kang diwulangake. Kayadene pamulangan nulis kanthi materi layang pri badi. Prakara iku bisa disebabake saka panganggone tandha wacan, panganggone tembung kang trep, lan undha - usuke basa. Adhedhasar prakara kasebut panliten menehi inovasi arupa medhia. Medhia kang diwenehake yaiku media flash . Underan panliten iki, yaiku: (1 ) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi siswa tanpa nggunakake media flash , (2) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi kanthi nggunakake media flash (3) kepriye pangaribawane media flash tumrap katrampilan nulis layang pribadi (4) kepriye asil res pon angket siswa klas ekperimen kang nggunakake media flash . Konsep sajrone panliten iki yaiku media flash , nulis, lan layang pribadi. Media flash minangka sawijine perangkat lunak komputer, prodhuk unggulan saka Adobe system kanthi menehi sajian animasi k ang narik kawigaten lan luwih praktis . Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Quasi Exsperemental kanthi modhel nonequivalen control group . Klas kang digunakake yaiku klas VIIIC minangka klas eksperimen lan klas VIIIG minangka klas kontrol. Tek nik kang dienggo arupa tes lan angket. Instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket. Dene kanggo analisis dhata nggunakake uji t - signifikansi . Adhedhasar dhata ing pratelan asile panliten, bisa didudut yen ora ana pambeda kang signif ikan antarane asil pre - test lan post - test ing klas kontrol, kabukti saka asil panliten 1 lan panliten 2 yaiku 1,5398 lan 1,4724 saka t tabel 1,695. Dene asil piwulangan ing klas eksperimen nuwuhake asil kang signifikan yaiku 6,6090 lan 6,2016 saka t tabel 1, 6923. Asil t - tes signifikansi panliten 1 nuduhake asil 1,7827 lan nuduhake asil 3,288 ing panliten 2 saka t tabel 1,6698, ateges ana pambeda kang signifikan antarane klas kontrol lan klas eksperimen kang nggunakake media flash . Saengga, bisa ditegesi yen H 0 ditolak lan H 1 ditampa. Tembung wigati: media flash , nulis, katrampilan, lan layang pribadi
PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015 JENITASARI SANTOSO
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (198.227 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015 1 PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015 Jenitasari Santoso S - 1 Pendidikan Bahasa dan Sastra D aerah, FBS, UNESA dan jenitasantoso@hotmail .com Pembimbing Prof. Dr. Udjang Pairin, M.Pd. Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA Abstrak Panliten iki nduweni sipat kang mligi yaiku nintingi objek panliten arupa wacana dheskriptif basa Jawa saka perangan wujude. Mligine marang sesambungan gramatikal wac ana wae. Wujud tegese bleger fisik wacana kasebut, panliten iki ora nggepok senggol marang makna kang dikandhut dening wacana sacara utuh. Objek panliten kang dipilih awujud wacana dheskriptif yaiku rubrik gambang suling kalawarti Jaya Baya taun 2015. Rubr ik iki manggon ana kaca ngarep saengga dadi punjer kawigaten pamacane. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka perkara kepriye pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya ta hun 2015. Ancase panliten iki kanggo ngerteni pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya tahun 2015. Analisis dhata adhedhasar teori kohesi kang diandharake dening Hallida y lan Hasan. Metodhe panliten kang digunakake mujudake metodhe agih. Teknik kang digunakake yaiku teknik andum perangan sacara langsung. Teknik lanjutan arupa teknik ganti, teknik lesap, lan teknik waca tandha. Teknik ganti digunakake kanggo mbuktekake pad hanan perangan kang diganteni lan perangan gegantine sajrone kohesi substitusi. Teknik lesap digunakake kanggo mbuktekake padhanan karo perangan kang dilesapake. Teknik waca tandha digunakake kanggo mahami sesambungan antar ukara lan paragraf. Asil saka pa nliten ngenani kohesi gramatikal iki yaiku piranti kohesi gramatikal kang cac a he papat kasebut digunakake kabeh. Patang piranti kasebut nyakup pangener, subtitusi, ellipsis lan konjungsi. Piranti sing paling akeh digunakake yaiku pangener persona kang nggu nakake tembung sesulih pandarbe { - e} lan { - ne}. Piranti kohesi liyane kang uga asring ditemokake yaiku konjungsi temporal. Piranti kohesi gramatikal liyane uga ditemokake nanging ora asring kaya pangener persona kang nggunakake tembung sesulih pandarbe { - e } lan { - ne}, lan konjungsi temporal. Kata kunci : piranti kohesi, piranti kohesi gramatikal
KALUNGGUHANE PARAGA WANITA SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG ANGGITANE SUPARTO BRATA LAN NOVEL CERITA CINTA ENRICO ANGGITANE AYU UTAMI (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN) FARAHANNA JULIANI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (94.676 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Novel kanthi irah-irahan Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata lan novel Cerita Cinta Enrico anggitan Ayu Utami nduweni sub tema kang padha yaiku ngenani kalungguhane paraga wanita. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye peran lan kalungguhane paraga wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (2) Kepriye pangaribawane paraga wanita tumrap pawongan kang ana ing sakupenge sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (3) Kepriye asile bandhingan sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico. Panliten iki uga nduweni tujuwan, yaiku: (1) Ngandharake peran lan kalungguhane paraga wanita sajrone Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (2) Ngandharake pangaribawane paraga wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (3) Ngandharake asile bandhingan sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa migunani tumrap ilmu kasusastran Jawa modheren, yaiku (1) Tumrap panliti; (2) Tumrap pasinaonan sastra; (3) Tumrap pamaos. Panliten iki mujudake panliten kanthi tintingan sastra bandhingan lan nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten diperang dadi loro yaiku dhata primer kang awujud tembung, ukara, dialog antar paraga, wacana lan solah bawane paraga sajrone kaloro novel kasebut. Dhata kang kapindho yaiku dhata sekunder kang awujud artikel-artikel utawa warta-warta kang nduweni gegayutan karo kalungguhan, wanita, lan karya sastra liyane. Novel-novel kasebut ngandharake: (1) peran lan kalungguhane paraga wanita minangka wanita kang pinter, nduweni pamikiran kritis, kuwat, mandhiri, pekerja keras, lan tresna marang kulawargane. Kalungguhane wanita sajrone kaloro novel kasebut minangka wanita kang penting sajrone kulawargane lan jagad pakaryane; (2) Wujud pangaribawane wanita sajrone kaloro novel kasebut yaiku wanita-wanitane mangaribawani wong kang ana ing sakupenge supaya wong kasebut dadi luwih maju; (3) Asile bandhingan. Tembung Wigati: feminis, gender, peran, kalungguhan
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)1BASA HUMOR SAJRONE KAOS CAK CUK SURABAYA(Tintingan Pragmatik) PUTRI NOVITA SARI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (568.976 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya kalebu sawijining panliten kang nggunakake kajian pragmatik. Kaos bisa dadi sawijining medhia kanggo ngandharake pesan kang asipat kritik kaya d ene awujud sindiran marang pamarentah bab lokalisasi dolly, korupsi, lan saperangan organisasi Nasional . Panliten iki nggunakake panliten dheskriptif . Dhata sajrone panliten iki arupa wacana kaos Cak Cuk kang ngandhut unsur humor. Cara ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku kanthi nggunakake metodhe nyemak, sawise kuwi kanthi cara nyatet. Dhata sing wis dikumpulake banjur diperang maneh dadi rumusan masalah, sawise kuwi dianalisis . Adhedasar andharan asile panliten ngenani basa humor kaos Cak Cuk Surabaya bisa kadudhut: (1) unsur pambangun humor adhedasar aspek kabasan diperang dadi telu yaiku aspek fonologis, aspek morfologis, lan aspek semantik , (2) penyimpangan prinsip kesopanan tumrap basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kaperang dadi penyimpangan maksim ke bijaksanaan , penyimpangan maksim kemurahan , penyimpangan maksim penerimaan , penyimpangan maksim kerendahan hati , penyimpangan maksim kecocokan , penyimpangan maksim kesimpatian , lan (3) fungsi humor kaos Cak Cuk Surabaya kang kaperang dadi fungsi komunikat if , fungsi hiburan, fungsi kritik sosial, fungsi kreatif, fungsi eufimisme, lan fungsi estetis. Tembung wigati: basa, humor, kaos Cak Cuk
Nilai Moral sajrone Crita Rakyat Gugur Luhur Anggitane Hastaraharjo(Tintingan Sosiologi Sastra)1NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT GUGUR LUHUR ANGGITANE HASTARAHARJO(Tintingan Sosiologi Sastra) PUPUT SUGIH ELIAH
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (334.806 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Sastra la ir saka masyarakat, mula saka kuwi sastra ora bisa dipisahake saka masyarakat. Kaya dene moral ora bisa dipisahake saka bebrayan. Ing bebrayan saiki moral ing masyarakat ora sepira digatekake. Liwat karya sastra dikarepake bisa menehi tuladha kang becik tu mrap masyarakat. Salah sijine jinis karya sastra kang akeh ngemot bab nilai moral yaiku crita rakyat. Ancase panliten iki yaiku: 1) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa karo Pangeran, 2) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa lan manungsa liy a, 3) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa lan awake dhewe, 4) nilai moral apa kang bisa ditrepake ing urip bebrayan saiki. Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra. S umber dhata panliten iki yaiku crita rakyat Gugur luhur dening Hastarahardjo. Dhata panliten iki arupa cuplikan sajrone crita rakyat kang arupa dialog antar tokoh, monolog, lan narasi saka pangripta. Metodhe analisis dhata nggunakake metodhe analisis isi. Asile panliten nuduhake yen sajrone crita rakyat Gugur Luhur ngemot, Nilai moral sesambungan manungsa karo Pangeran bisa digambarake kaya kapercayan Pangeran, taat, nindakake tradhisi, muji sokur. Nilai moral sesambungane manungsa karo manungsa liya bisa d igambarake kaya kekancan, kaluwargan, katresnan, kiyanant, kasetyan, apus - apus, tulung - tinulung, musyawarah, bela bangsa. Nilai moral sesambungan manungsa karo awake dhewe bisa digambarake kaya ajining dhiri, dhendham, andhap asor, kawicaksanan, tanggung j awab, kawanenan, wedi, sabar lan gigih. Nilai moral kasebut ana kang bisa di trepake ing urip bebrayan saiki kayata, percaya marang Pangeran, nindakake tradhisi, taat, muji sokur, kekancan, katresnan, kaluwargan, kasetyan, tulung - tinulung, musyawarah, bela bangsa, ajining dhiri, andhap asor, kawicaksanan, tanggung jawab, kawanenan, sabar, lan gigih. Tembung wigati: Nilai moral, crita rakyat, gugur luhur, Hastaraharjo.
CRITA RAKYATGENDRA ASMARA ADIPATI ANOM AMRALANGGITANE SARTONOKUSUMANINGRAT TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA ANIK FITRIANI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (345.983 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Crita Rakya t Gendra Asmara Adipati Anom Amral Angitane Sartono Kusumaningrat Tintingan Sosiologi Sastra. 1 CRITA RAKYAT GENDRA ASMARA ADIPATI ANOM AMRAL ANGGITANE SARTONO KUSUMANINGRAT TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA Anik Fitriani , Dra. Suwarni, M.Pd Pendidikan Bahasa dana Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya email : anikkusuma15@g mail.com Abstrak Crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral anggitane Sartono Kusumaningrat nyritakake ngenani panguwasa sing tumindak sawiyah - wiyah. Tumindak kasebut nuwuhake maneka werna perkara sosial sing ndadekake masyrakate padha sengsara . Adhed hasar kahanan iku, c rita kasebut bakal kadhudhah kanthi nggunakake judhul Crita Rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral Anggitane Sartono Kusumaningrat Tintingan Sosiologi Sastra. Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut, bisa dijupuk underaning panliten, yaiku (1) Kepriye struktur pambangun crita ing babagan tema, paraga, plot, lan latar, (2) Kepriye unsur sosial crita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Saka underane panliten kasebut, mula ancase panliten yaiku (1) Ngandharake struktur pambangun crit a ing babagan tema, paraga, plot lan latar, lan (2) N gandharake unsur sosial crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Panliti nggunakake teori Sosiologi Sastra pamawase Ratna, Kurniawan lan Faruk kanggo njingglengi perkara - perkara sosiologis sing an a sajrone crita rakyat. Ana ing panliten iki uga nggunakake Teori Hermeneutika amarga teori kasebut sesambungan karo solah bawane manungsa lan kedadeyan prastawa - prastawa ana ing ngalam. Panliten iki bakal nggunakake pendekatan kualitatif amarga dhata sing digunakake yaiku kanthi nganalisis. Panliten iki bakal nggunakake metode yaiku metode deskriptif analisis . Panliten iki bisa diarani panliten kualitatif amarga sajrone analisis ora nggunakake analisis statistik. Panliten nggunakake metode deskriptif anali sis amarga kanggo ngonceki struktur lan tumindake sajrone cerita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral. Sumber dhata kang digunakake yaiku crita rakyat saka majalah Jaya Baya kang cacahe ana 27 episode . Dhata sajrone panliten iki arupa bageyane crita si ng awujud tembung, frase lan ukara sing isine ngenani kawengisan. Instrumen kang digunakake ana ing panliten yaiku panliten dhewe. Teknik ngumpulake dhata sing digunakake sajrone panliten yaiku teknik maca, nyathet, lan riset kapustakan. Teknik maca lan ny athet minangka teknik sing bakal digunakake kanggo ngasilake dhata kanthi cara maca teks utawa literatur sing dadi sumbere panliten, sarta menehi tandha - tandha ana ing cerita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Asil p anliten iki mujudake yen crita r a kyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral mujudake karya sastra sing bisa dadi kaca benggala. Tumindake panguasa karo masyarakat sing sakarepe dhewe ndadekake ora ayeme warga. Panguwasa sing sawiyah - wiyah karo masyarakate amarga rumangsa kumuwasa ana ing Mata ram. Panguwasa kasebut kepengen diurmati sekabehe masyarakat tanpa mikir kahanane masyarakat. Saben apa sing dikarepake kudu bisa kalaksanan, yen ora kalaksanan bakal ana paukuman pidana paten. Senajan perkarane sepele nanging yen nguciwani panguwasa kaseb ut bakal ndadek ake ontran - ontran gedhe. Crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral migunani tumrap pamacane minangka sarana panglipur, minangka sarana piwulang, lan bisa dienggo kanggo patuladhan dening panguwasa supaya bisa luwih becik anggene mangku n egara.
KAPRIBADEN NEUROTIS-E PARAGA SAJRONE CERBUNGWANITA BURONANGGITANE SANIJO RAF: TINTINGAN PSIKOANALISIS KAREN HORNEY TEGUH WIDODO
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (133.118 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Panliten iki njlentrehake wujud kapribaden neurotis-e paraga Hermanto lan Sawitri anggone ngrampungi masalah-masalah sajrone lelakonn uripe kang sesambungan karo rasa sumengit lan rasa sumelang saengga nuwuhake cara-cara tartamtu. Cara-cara tartamtu kang ditindakake kaloro paraga kasebut mujudake gegambaran saka kapribadene neurotis-e kaloro paraga kasebut. Lelandhesan tintingan psikoanalisis Karen Horney, cara-cara tartamu kanggo ngrampungi rasa sumengit lan sumelang bisa ditindakake kanthi telung cara sing onjo minangka ancase panliten sajrone panliten iki, yaiku: (1) wujud kapribaden neurotis-w paraga kanthi cara nyedhaki wong liya, (2) wujud kapribaden neurotis-e paraga kanthi cara nglawan wong liya, (3) wujud kapribaden neurotis-e paraga kanthi cara ngedohi wong liya. Pamarekan sing digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan psikologi sastra. Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Teknik pangumpulaning dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik maca lan cathet, kanthi cara maca sumber dhata lan nyathet tembung-tembung utawa ukara sing laras lan trep karo underaning panliten. Sumber panliten kang digunakake yaiku cerbung Wanita Buron . Asiling panliten yaiku: (1) kecenderungan neurotik kanthi cara nyedhaki wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap rasa sih tresna lan tinarima liya, mitra utawa kanca sing bisa menehi pangaribawa sing gedhe, lan urip narima ing pandum, (2) kecenderungan neurotik kanthi cara nglawan wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap kewenangan, nggunakake wong liya, rasa panghargyan sosial utawa gengsi, rasa nggumun utawa bombong marang awake dhewe, lan ambisi utawa gegayuhan pribadi, lan (3) kecenderungan neurotik kanthi cara ngedohi wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap urip mandhiri lan bebas, lan kasampurnan utawa rasa ora mungkin salah. Tembung-tembung wigati : Neurotis, Psikoanalisis Sosial, lan kapribaden neurotis (Kecenderungan Neurotik).
KONFLIKSAJRONE CERBUNG WAYANG MBUJUNG LINTANG ANGGITANE ST. SRI PURNANTO ANDREANES FISMATHIKA PRIMATAMA
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (487.936 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Cerbung Wayang Mbujung Lintang mujudake salah sawijining reriptan sastra Jawa modern kang ditulis dening ST. Sri Purnanto. Cerbung iki kapilih dadi objek sajrone panliten amarga ngandhut konflik kang nggambarake urip bebrayan. Paraga - paraga sajrone cerbung iki ngalami konflik kang narik kawigaten. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye konflik internal lan konflik eksternal s ajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto? (2) apa kang ndadekake panyebab tuwuhe konflik sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto? (3) Kepriye Pungkasane konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbu ng Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto ? . Selaras karo undere panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake wujud konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto. (2) ngandharake apa kang ndadekake panyebab tuwuhe konflik sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto. (3) ngandharake pungkasane konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnant o. Paedahe panliten yaiku ngrembakakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa nambahi bahan rujukan dening panliti sabanjure. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Su mber dhatane panliten arupa cerbung Wayang Mbujung Lintang kang kapacak ing kalawarti Panyebar Semangat sing cacahe ana 10 seri, yaiku saka No.16 sasi Mei nganti No. 26 sasi Juni taun 1999. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone cerbung. O lehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe dheskriptif analisis kanthi tintingan struktural. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu. Perangan sepisan yaiku wujud konflik int ernal lan eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang . (1) konflik internal kang ana sajrone cerbung yaiku rasa nelangsa, rasa getun, lara ati lan rasa mamang. (2) konflik eksternal yaiku iri marang wong liya, ngapusi wong liya lan ngancem wong liya. Perangan kang kaping loro ngenani panyebab tuwuhe konflik yaiku (1) faktor ekonomi, (2) limbah pabrik, (3) monopoli dagang. Perangan kaping telu yaiku Pamungkasing konflik. Pamungkasing konflik kang digambarake dening pangripta yaiku asipat ora tumutup. Te mbung wigati: konflik, konflik internal, konflik eksternal.

Page 3 of 30 | Total Record : 293